Sampun dangu kulo mboten sempat ngeblok, awil lagi kathah pedamelan. Ngamen winten pelatihan PAUD critane..hehehe. Lagi akhir-akhir meniko kulo gadah wektu kangge OL,, wah,,iseng-iseng mumpung gadah wektu ngedit tampilan,,supados rencang-rencang mboten samo bosen kaliyan halaman meniko..
Nuwun
RON GARING
Wengi sansaya atis,
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring, aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu, lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep, kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu, pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati


1 komentar:
Iso dwe geguritan ki jipuk seko ngendi??
Post a Comment
Thanks for your comment
please go to http://www.yulicool.co.nr
for detail