10 February 2010

Assalamualaikum wr wb

Poro kadang putro lan putri
maturnuwun sampun rawuh mriki monggo sami sami
dipun rameaken halaman meniko sesarengan
menawi bade post supados ngangge boso sing sae bade kromo nopo ngoko
monggo sasekeconipun panjenengan sing penting nggih niku kedah melu aturan....kulo nggih basanipun kados niki mboten saged kromo sing
penting saged nyambung mawon,...


PEPELING
Cipt. Ki Anom Suroto

Wis wancine tansah dielengke
Wis wancine podo nindakake
Adzan wus kumandang wayahe sembahyang
Netepi wajib dawuhe pangeran

Sholat dadi cagaking agomo
Limang wektu kudu tansah dijogo
Kanti istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurno yen berjamaah

Subuh Luhur lan Ashar
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar
Magrib lan Isyak jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunate

Jo sembrono iku prentah agomo
Elingono ning ndonyo mung sedelo
Sabar lan tawakal pasrah sing kuwoso
Yen kepingin mbesuk munggah swargo

0 komentar:

Post a Comment

Thanks for your comment
please go to http://www.yulicool.co.nr
for detail

 
Copyright yulicool @2010. Powered by Blogger.Designed by Den Yuli .
Converted To Blogger Template by Mas Yuli .